Laire Raden Rama Wijaya
Prabu Dasarata, raja ing Negara Ayodya kagungan garwa cacah telu, yaiku Dewi Kosalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Nanging nganti suwe garwa telu kasebut durung peputra. Prabu Dasarata banjur nyenyuwun marang dewa, ora let suwe garwa cacah telu kasebut padha nggerbini. Dewi Kosalya nglairake putra kakung banjur kaparingan nama Rama. Dewi Kekayi uga ngalirake putra kakung kaparingan nama Bharata. Dewi Sumitra nglairake putra kembar diparingi nama Laksmana lan Satrugna Putra cacah papat kagulawenthah kanthi kebak tresna asih. Saben dina diparingi ngelmu lan seserepan, utamane babagan tresna asih mring sesama uga marang sakabehing titah. Nengenake manembah marang Gusti Kang Kuwasa, nduweni sipat satriya, sarta gladhen kanuragan. Anggone necep kawruh kang maneka rupa kasebut dipasrahake marang Resi Wasista. Bocah papat ngancik jaka lan dewasa. Kabeh nduweni kuwasisan lan kelantipan, nanging Rama katon kang paling pinunjul tinimbang sedulur telu liyane. Rama, satriya bagu...

Komentar
Posting Komentar