PARAMASASTRA : TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN

 

1. TEMBUNG LINGGA

Dalam referensi Bahasa Jawa, menyatakan pengertian tembung lingga sebagai berikut:

Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale. Owah tegese kang durung oleh imbuhan apa-apa (ater-ater seselan lan panambang ).

Artinya : Tembung lingga adalah kata yang belum berubah dari bentuk awalnya. Berubah maksudnya belum mendapat imbuhan apa apa baik berupa awalan, tengahan atau akhiran.

Tembung lingga disebut juga tembung kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli.

Tembung lingga juga bisa digolongkan dalam kata wujud bebas (bentuk bebas). Lawan dari tembung lingga adalah tembung andhahan (kata berimbuhan).

Pembagian Tembung Lingga

Tembung lingga dibagi menjadi tiga yaitu:

  • Tembung lingga kang dumadi saka sakwanda : artinya tembung lingga yang terdiri atas satu suku kata saja. Wanda artinya suku kata atau kecap kata. tembung lingga ini juga disebut tembung wodContohnya kata: dom, seng, sak, pring, bak, rak.
  • Tembung lingga kang dumadi saka rong wanda: artinya tembung lingga yang terdiri atas dua suku kata. Misal laku, tulis, caping, pangan, turu, tangis.
  • Tembung lingga kang dumadi saka telung wanda: artinya tembung lingga yang terdiri atas tiga suku kata. Contohnya: mustaka lan sepatu.
  • Tuladha Tembung Lingga : Turu, kursi, meja, deleng, dolan, laku, turu, lur, adus, babar, cokot, tandhur

2. TEMBUNG ANDHAHAN

Tembung andhahan adalah jenis tembung yang kata asalnya sudah diberi imbuhan atau sudah diubah dari kata dasarnya. Tembung ini disebut juga dengan nama kata jadian.

Jenis tembung ini sangat erat kaitannya dengan tembung lingga. Karena asal dari tembung ini merupakan tembung lingga yang diberi imbuhan atau sisipan.

Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah soko tembung asline (linggane). Sakabehane tembung sing wis ora asli mane amerga oleh wuwuhan, awalan, sisipan lan akhiran kuwi diarani tembung andhahan. Tuladha: pangan dadi mangan, tandur dadi tanduran.

Pembagian Tembung Andhahan

Tembung andhahan memiliki beberapa macam yang dibedakan berdasarkan imbuhannyaa atau wuwuhan.

Berikut macam-macamnya:

  • Tembung andhahan sarono oleh ater-ater (awalan)

Ater-ater ini dibagi lagi menjadi 3 bagian, yaitu:

  1. Ater-ater hanuswara (awalan asal) sing awujud: m-, n-, ng-, lan nya-
  2. Ater-ater tripurasa sing awujud: dak-, ko-, lan di-
  3. Ater-ater liyane sing awujud
  • Tembung andhahan sarono oleh seselan (sisipan)

Seselan kuwi sing awujud: -am, -in, -l lan -r.

  • Tembung andhahan sarono oleh panambang (akhiran)

Panambang kuwi sing awujud -i, -ake, -e, -ke, -a, -ana, -na, -ku, -mu, lan -en.

Tuladha Tembung Andhahan

berikut akan diuraikan beberapa contoh tembung tersebut.

Ater-ater (Awalan)

a) Ater-ater hanuswara : n, ny, ng, m

n +  tulis =nulis

ny + sapu= nyapu

ng + gawe= nggawe

m + paku= maku

Tembunge dadi tembung tanduk.

b)  Ater-ater tripurasa: dak, ko, di

dak + tuku= daktuku

ko + tuku = kotuku

di + tuku = dituku

Tembunge dadi tembung tanggap.

c)  Ater-ater liyane sing awujud :

a + lungguh = alungguh

ka + waca= kawaka

sa + dina = sadina

pa + piker = pamikir

pi + wulang = piwulang

pra + tandha =pratandha

pari + kena = parikena

tar+buka = tarbuka

kuma+ wani = kumawani

kami+ sepuh = kamisepuh

kapi +temen = kapitemen

Panambangan (akhiran)

a)   Panambang : an

Kobong  + an = kobongan

Gawa + an = gawan (dudu gawaan)

Tuku +  an = tukon (dudu tukuan)

Lali + an = lalen (dudu lalian)

Sore + an = soren (dudu sorean)

Paro + an = paron (dudu paroan)

b)   Panambang: i

Jawil + i = jawili

Kandha +  i = kandhani (dudu kandhai)

Nesu +  i = nesoni (dudu nesoii)

Bali +  i = baleni (dudu balii)

Ombe +  i = ombeni (dudu ombei)

Bodho +  i = bodhoni (dudu bodhoi)

c)    Panambang : ake

Tulis + ake = tulisake

Tata  +  ake = tatakake (dudu tataake)

Turu + ake = turokke (dudu turuake)

Bali + ake = balikake (dudu baliake)

Suwe + ake = suwekake (suweake)

Jodho + ake = jodhokake (jodhoake)

d)    Panambang: a, na, ana, en

Dudut + a = duduta

Dudut + na = dudutna

Dudut + ana  = dudutana

Dudut + en = duduten

Bantu + a = bantua

Bantu + na = bantokna

Bantu + ana = bantonana

Bantu + en = bantunen

e)   Panambang : ku, mu, e

Omah +  ku = omahku

Omah + mu = omahmu

Omah + e = omahe

Mata + e = matane (dudu matae)

Sapi + e = sapine (dudu sapie)

Kebo + e = kebone (dudu keboe)

Buku + e = bukune (dudu bukue)

f)  Panambang :ne , ing

Bapak + ne = bapakne = bapake

Dijaluk +  ne = dijalukne = dijalukake

Swara + ing = swaraning = swarane

Aran + ing =araning = arane

Seselan (sisipan)

a)    Seselan : um

Cathel + um = c + um + anthel = cumanthel

Gedhe + um = g + um + edhe  = gumedhe

b)  Seselan: in

Carita + in = c + in + arita =cinarita

Siram+ in = s + in +iram = siniram

Nanging yen:

Amuk + in = ing +amuk = ingamuk

Inum+in  = ing +  inum = inginum

Obong+in = ing + obong = ingobong

Udheg+ in  = ing + udheg = ingudheg

Embang+in = ing + emban = ingemban

c)   Seselan: i, r

Siwer+ l = s +  l + iwer = sliwer

Kencar+l = k + l + encar = klencar

Kelip+r= k + r + elip = krelip

Canthel+ r = c +r  + anthel = cranthel

Contoh Kalimat Tembung Andhahan

Berikut beberapa contoh kalimat tembung andhahan:

  1. Fauzan sing nyapu latar iku
  2. Aku lagi mangan roti
  3. Adikku nangis amarga rebutan permen karo kancane
  4. Isuk mau ono swarane pitik
  5. Bukuku disilih karo Dito

Perbedaan Tembung Lingga dan Tembung Andhahan

Apa bedane tembung lingga lan tembung andhahan?

  • Tembung lingga yaiku tembung-tembung sing durung owah saka asale ( kata dasar). tuladha pangan, tandur, ombe, saji, sepatu lan sakliyan-liyane.
  • Tembung andhahan yaiku sakbehing tembung sing wis owah saka asale amarga oleh wuwuhan (imbuhan) awujud ater-ater ( awalan), seselan ( sisipan)lan panambang (akhiran).

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laire Raden Rama Wijaya

Serat Wulangreh Pupuh Sinom