Serat Wulangreh Pupuh Sinom
Serat wulangreh diserat dening Paku Buwana IV
ing serat Wulangreh ana 33 pada/bait sinom
Watak pupuh sinom yaiku grapyak
Paugeran tembang sinom
Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Guru gatra : 9 gatra
PADA 1
Ambege kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun,
pamrihe den inaa,
mring padha-padhaning janmi,
suka bungah den inaa sapadha-padha
ISI PADA 1
Perilaku wong
kang wis sampurna yaiku, ora bakalan ngina kapinterane wong liya, kapinterane
dhewe dhidhelikake dene bodhone diduduhake, aja nganti diarani pinter karo wong
liya, dheweke seneng yen diina
TEGES SABEN TEMBUNG PADA 1 (ARTI SETIAP KATA BAIT 1)
No | Jawa Kawi | Jawa ngoko | B.Indonesia |
1. | ambege | watak, sipat | |
2. | tan | ora | tidak |
3. | ngendhak | ngremehake | meremehkan, merendahkan |
4. | guna | pinter | |
5. | sasolahe | sak tingkahe | setiap tingkah laku |
6. | bathi | untung | laba |
7. | didokok | diselehke | diletakkan |
8. | ngayun | ngarep | depan |
9. | pamrihe | tujuane | tujuannya |
10. | den inaa | diece | dihina |
11. | mring | marang | oleh |
12. | janmi | manungsa | manusia |
13. | suka bungah | seneng banget | seneng sekali |
PADA 2
Ingsun uga tan mangkana,
Balilu kang sun alingi,
Kabisan sun dekek ngarsa,
Isin men nek denarani,
Balilu ing sujanmi,
Nanging batin ingsun cubluk,
Lumaku ingaran wasis,
Tanpa ngrasa prandene sugih carita
ISI PADA 2
Aku (panyerat/penulis) ora ngunu kuwi, bodhoku dakdhelikake lan kapinterane dakduduhake amarga aku isin yen diarani bodho karo wong liya, senadyan aku bodho aku pengen diarani pinter saengga tanpa krasa aku gawe cerita sing ora ana dhasare/ ngapusi
TEGES SABEN TEMBUNG (ARTI SETIAP KATA) PADA 2
No | Jawa Kawi | Jawa ngoko | B.Indonesia |
1. | ingsun | aku | aku |
2. | balilu | bodho | bodoh |
3. | alingi | tutupi | tutupi |
4. | mangkana | mangkana | demikian |
5. | kabisan | kapinteran | kepintaran |
6. | ngarsa | ngarep | depan |
7. | denarani | diarani | disebut |
8. | cubluk | bodho | bodoh |
9. | ingaran | diarani | disebut |
10. | wasis | pinter | pintar |
Komentar
Posting Komentar