Anoman Duta
Sawise kabeh bupati nindakake sembah sungkem, Sugriwa dhawuh, "Anoman lan Anggada, Anila lan Paman Jembawan, kowe kabeh dakdhawuhi menyang Alengka saperlu nggoleki Gusti Dewi Sinta. Kowe nggawaa prajurit kang akeh. Welingku marang kowe kabeh padha ngati-ati lan waspadaa marang sapa wae. Aja gampang kapilut aja gampang kapencut marang sapa wae kang durung kokenal." Iku mau wejangane Sugriwa marang wanara cacah papat kasebut. "Sendika dhawuh, Gusti!" wangsulane Anoman minangka tandha dadi dutane. wanara papat mau bebarengan. Sadurunge wanara papat mau padha budhal, Ramawijaya nambahi paring piweling wigati marang Anoman. "Anoman, sira kudu ngati-ati tenanan lan waspada ana ing Alengka. Manawa sira wis nemokake Gustimu Dewi Sinta, kalpika iki aturna supaya Dewi Sinta pracaya manawa sira bener-bener utusaningsun. Kalpika iki minangka pratandhane." Anoman ngestokake dhawuh banjur nampa kalpika iku. Nalika dina wis wiwit surup, Anoman lan Anggada, Anila lan ...