Teks Narasi

 Teks Naratif utawa narasi yaiku teks kang nyritakake prasthawa, kedadean utawa kisah sakiwatengene siswa. teks narasi kaperang dadi loro yaiku

1.       Teks Narasi Fiksi

Teks narasi fiksi yaiku crita kang asipat khayalan utawa fiksi, tujuane kanggo nglipur marang wong kang padha maca crita. Crita iki lumrahe diarani imajinasi, tegese crita kang ora nyta utawa crita rekaan/ khayalan. Crita iki ora adhedhasar fakta kang ana. Teks iki biasane awujud dongeng, cerkak utawa cerita cekak lan novel. Tuladhane Baru Klinthing, Nyi Rara Kidul, Nyi Blorong

2.       Teks Narasi Non Fiksi

Teks narasi non fiksi yaiku crita kang asipat actual uatawa kadadean sing saktenane. Tujuane teks iki kanggo aweh pendhidhikan, kawruh, refleksi marang wong kang padha maca. Teks iki isine crita apa anane, ora digawe-gawe, ora dicampur karo imajinasi pangripta. Crita iki adhedhasar fakta dadi wong kang maca teks iki bakala oleh kabar utawa informasi kedadean sing saktenane supaya nambah kawruhe.

Wujud crita narasi fiksi lan non fiksi kasebut kadadean saka unsur-unsur sing padha, yaiku:

1.       Paraga

Paraga kerep diarani tokoh utawa penokohan. Penokohan yaiku carane pangripta gambarke karakter para paraga ing crita kasebut. Paraga crita isa kaperang dadi paraga protagonist, antagonis, tritagonis lan figuran.

2.       Latar

Latar kaperang dadi telu yaiku latar panggonan, latar wektu lan latar swasana

3.       Alur

Alur isa uga diarani jalan cerita utawa lakuning cerita. Alur crita narasi kaperang dadi telu yaiku

a.       Orientasi, yaiku pengarang wiwit ngenalake paraga crita lan kapan dumadine crita utawa kedadean

b.      Komplikasi, yaiku konflik sajroning crita

c.       Resolusi maslah kang diadhepi para mau wiwit diudhari lan pungkasaning crita mau dipungkasi seneng uatawa sedhih

Sakliyane kuwi alur uga diperang dadi telu miturut runtute crita yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran.

4.       Tema

Tema minangka dadi pusat gagasan sajroning crita. Gagasan iki kang dirembug supaya dadi crita kang apik lan enak diwaca

5.       Lelewaning Basa/ Gaya Bahasa

Lelewaning basa uatawa gaya bahasa sajroning crita duweni guna manpangat kanggo ngripta lan ngraketake kaanan lan swasana antarane paraga siji lan sijine. Lelewaning basa uga bias kanggo menehi tandha yen paragane crita duweni karakter apik, mulya lan paraga kanthi karakter jahat uatawa ala.

6.       Amanat

Amanat minangka ajaran moral, karakter, pesan moral sing diarep arep dening pangripta marang wong kang padha maca crita.

7.       Sudut Pandang

Sudut pandang yaiku anggone pangripta manggonake/ ndunungake awake  ing sajroning crita kasebut. Pangripta isa uga dadi paraga utama, paraga tamabaha, uatawa dadi pihak katelu utawa pengamat kang sarwa bias

 

 




Daftar Pustaka

Priyantono-Sewukir. 2019. Mandiri Basa Jawa 1. Jakarta: Penerbit Erlanggas

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laire Raden Rama Wijaya

PARAMASASTRA : TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN

Serat Wulangreh Pupuh Sinom