Serat Wulangreh Pupuh Sinom
Serat wulangreh diserat dening Paku Buwana IV ing serat Wulangreh ana 33 pada/bait sinom Watak pupuh sinom yaiku grapyak Paugeran tembang sinom Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 Guru gatra : 9 gatra PADA 1 Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha-padhaning janmi, suka bungah den inaa sapadha-padha ISI PADA 1 Perilaku wong kang wis sampurna yaiku, ora bakalan ngina kapinterane wong liya, kapinterane dhewe dhidhelikake dene bodhone diduduhake, aja nganti diarani pinter karo wong liya, dheweke seneng yen diina TEGES SABEN TEMBUNG PADA 1 (ARTI SETIAP K...