Anoman Duta


Sawise kabeh bupati nindakake sembah sungkem, Sugriwa dhawuh,

 "Anoman lan Anggada, Anila lan Paman Jembawan, kowe kabeh dakdhawuhi menyang Alengka saperlu nggoleki Gusti Dewi Sinta. Kowe nggawaa prajurit kang akeh. Welingku marang kowe kabeh padha ngati-ati lan waspadaa marang sapa wae. Aja gampang kapilut aja gampang kapencut marang sapa wae kang durung kokenal." 

Iku mau wejangane Sugriwa marang wanara cacah papat kasebut.

"Sendika dhawuh, Gusti!" 

wangsulane Anoman minangka tandha dadi dutane. wanara papat mau bebarengan. Sadurunge wanara papat mau padha budhal, Ramawijaya nambahi paring piweling wigati marang Anoman.

 "Anoman, sira kudu ngati-ati tenanan lan waspada ana ing Alengka. Manawa sira wis nemokake Gustimu Dewi Sinta, kalpika iki aturna supaya Dewi Sinta pracaya manawa sira bener-bener utusaningsun. Kalpika iki minangka pratandhane."

Anoman ngestokake dhawuh banjur nampa kalpika iku.

Nalika dina wis wiwit surup, Anoman lan Anggada, Anila lan Jembawan sarta prajurit wanara mau padha mabur nuju ing Alengka. Tengah wengi wis padha tekan pucuke Ardi Suwela. Nalika wis esuk Anoman sakanca ndulu ana guwa, kabeh banjur mlebu guwa mau. Pranyata guwa iku endah banget kayadene kraton.
Para prajurit wanara sapandhegane kabeh padha kaget weruh ana wanodya ayu ing njero guwa mau. Sakabehe wanara padha lali marang welinge Sugriwa lan Ramawijaya. Kabeh padha lena kang njalari dadi padha wuta marga dipaeka dening wanodya ayu mau kang jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba iku sejatine buta anake Prabu Wisamarta lan ibune Sumeru Suwari.
Rombongan wanara padha getun kabeh jalaran lena kang ndadekake wuta. Kabeh kepengin mati wae tinimbang ora bisa mrantasi gawe. Dumadakan ana Garudha Sempati, sawijine manuk garudha kang ora duwe wulu. Dheweke iku kakange Garudha Jathayu kang ngusadani kabeh bisa melek maneh lan mituturi carane bisa tekan Alengka.
Anoman sakanca banjur nutugake laku menyang Gunung Mahendra. Saka Gunung Mahendra mung Anoman kang budhal menyang Nagara Alengka. Anoman mesat mabur kaya manuk garudha. Dumadakan Anoman kaget amarga ana kang nyamber yaiku raseksa Tatekini. Anoman dipangan urip-uripan mlebu weteng nanging Anoman banjur tiwikrama. Awake malih dadi gedhe kaya buta saengga awake Tatekini bedhah dadi lan patine. 
Anoman nutugake laku menyang Gunung Maenaka yaiku sawijine gunung kang bisa guneman kaya manungsa. Gunung Maenaka ngandharake manawa Rahwana wis akeh dosane mula kudu enggal dibesmi. Saka Gunung Maenaka, Anoman banjur mabur menyang Nagara Alengka. Dheweke ngati-ati banget supaya ora konangan dening prajurit raseksa kang padha jaga. Anoman nliti kahanan kanthi premati. Kabeh bangunan ditliti digoleki ana ngendi dununge Dewi Sinta. 
Wis sawetara suwene Anoman anggone nggoleki nanging durung ketemu. Dheweke wis kesel nedya leren, tengah wengi bakal diterusake maneh. Dumadakan dheweke weruh taman kang nyalawadi. Anoman duwe sasmita manawa Dewi Sinta ana njero taman iku. Tenan, Dewi Sinta ana ing taman iku, yaiku Taman Argasoka. Kanthi ngati-ati banget Anoman mlebu ing taman nemoni Dewi Sinta, banjur matur manawa dheweke iku utusane Ramawijaya. Kalpika saka Ramawijaya banjur diaturake marang
Dewi Sinta.


TEMBUNG WIGATI ING TEKS ‘ANOMAN DHUTA”

1.       Dhuta : Utusan

2.       Wanara : Kethek

3.       Sapandhegane: sakrombongan

4.       Praja : Kerajaan

5.       Miber : Mabur

6.       Didhusta : Diapusi

7.       Mapag : Methuk

8.       Ngusadani: nulungi

9.       Tiwikrama: malih awake (berubah wujud)

10.   Nyalawadi: narik kawigaten

11.   Wewaler: nasehat kang wujude larangan

12.   Kalpika: ali-ali


Sumber: Buku Widya Adi Basa Jawi 3

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laire Raden Rama Wijaya

PARAMASASTRA : TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN

Serat Wulangreh Pupuh Sinom