Tembung Rangkep

Tembung rangkep yaiku tembung kang wanda utawa linggane karangkep (ditulis utawa diunekake kaping pindo). Tembung Rangkep Kaperang dadi 4 yaiku:

  1. Dwilingga Wantah, yaiku tembung kang linggane karangkep.Tuladha:

    Dwilingga Wantah/padha swara

                                 Linggane                            

    Udan-udan

    Luwih-luwih

    Mlaku-mlaku

    Awan-awan

    Udan

    Luwih

    Mlaku

    Awan

  2. Dwilingga salin swara, yaiku tembung kang dirangkep linggane nanging ana saperangan swarane kang owah.Tuladha:

    Dwilingga Salin Swara

    Linggane

    Bola-bali

    Nongas-Nangis

    Mesam-mesem

    Bonjar-banjir

    Bali

    Nangis

    Mesem

    Banjir

  3. Dwipurwa, yaiku tembung kang wanda wiwitane dirangkep (kang dirangkep wanda sing ngarep).Tuladha:

    Dwipurwa

    Linggane

    Tetuku

    Lelunga

    Reresik

    Lelumbah

    Tuku

    Lunga

    Resik

    Lumban

  4. Dwi Wasana, yaiku tembung kang wanda wekasane dirangkep (kang dirangkep wandane sing ngguri).Tuladha:

    Dwi Wasana

    Linggane

    Cekakak

    Cengingis

    Mbegegeg

    Ndengangak

    Cekak

    Cengis

    Mbegeg

    Ndangak



  5. Dwilingga semu yaiku dwilingga kang ora duwe lingga.Tuladha: pia-pia, ali-ali, andheng-andheng

SUMBER

Pepak Basa Jawa

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laire Raden Rama Wijaya

PARAMASASTRA : TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN

Serat Wulangreh Pupuh Sinom