Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi
Serat Wulangreh mligine pupuh Kinanthi, isine bab cara srawung
utawa milih kanca. Kanca kang becik lan kanca kang ala kang migunani
marang manungsa saengga manungsa bisa mbedakake prakara kang ala lan becik.
Manawa manungsa anggone milih kanca sembarangan, prasasat bakal rugi tembe
mburine. Ing serat iki, diandharke, kanca bisa nggawa berkah bisa uga nggawa
cilaka. Manawa cilaka bakal awake dhewe sing rugi. Manawa rugi bakal neangsa
salawase urip. Mumpung kabeh iki during kelakon, mulane tansah ngati-ati lan
waspada. Sakliyane kuwi ing pupuh Kinanthi ing serat Wulangreh uga ana pitutur
kanggo wong enom. Pituture yaiku wong enom kudu ngajeni marang wong tuwa.
Pupuh kinanthi duweni watak utawa sipat seneng, asih, lan tresna.
Pupuh iki cocog kanggo maringi gambaran utawa kahanan kang samesthine dumadi
ing tengahing bebrayan agung. Bisa uga maringi gambaran samubarang kang lucu,
tresna sajroning ati. Pupuh iki kalebu pupuh angka loro sajroning Serat
Wulangreh. \
Paugeran Pupuh kinanthi
1.
Guru gatra : 6 gatra
2.
Guru wilangan : 8, 8, 8,
8, 8, 8
3.
Guru lagu : u, i, a, i,
a, i
Gancaran Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi pada
|
1. |
Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesunen sariranira Sudanen dhahar lan guling |
: Kulinakna ngasah kalbu (ati) : Supaya pikiranmu landhep : Aja mung seneng mangan turu : Sifat kasatriyan dadi tuladha : Latihen awakmu tenanan : Kurangana mangan lan turu |
|
|
Kulinakna
ngasah ati kanthi cara sinau tindak tanduk lan solah basa kang becik, supaya
pikiranmu pinter, trampil lan landhep. Aja mung seneng mangan karo turu, sokur-sokur
bisa neladhani watak kesatriya lan kepahlawanan kang sejati. Kanggo nggayuh
pajangka kasebut, mulane kurangana anggonmu mangan lan turu, tegese kerep
nglakoni ‘pasa’ yaiku meper jiwa lan raga, aja nganti diumbar. |
|||
|
2. |
Dadiya lakunireku Cegah dhahar lawan guling Lawan aja asukan-sukan Aganggoa sawatawis Ala watake wong suka Nyuda prayitnaning batin |
: Dadekna lakumu (kebiasaan) : Aja mangan lan turu : Lan aja seneng-seneng : Yen klamben sakperlune : Eleke watak wong sing seneng seneng-seneng : Ngurangi landhepe ati |
|
|
Dadekna
lelakon kang becik kasebut minangka ‘laku’ kanthi cara akeh tirakate/
prihatine. Aja mung ngakehake mangan karo turu, aja seneng tumindak boros
(ngebreh, keladuk) prayoga gemi setiti. Amarga wong kang seneng ngebeh,
keladuk, batine ora landhep/tanggap marang kahanan sakiwa tengene (mati rasa) |
|||
|
3. |
Yen wus tinitha wong agung Aja sira umunggung dhiri Aja raket lan wong ala Kang ala lakunireku Nora wurung ngajak-ajak Satemah anenulari |
: Yen kowe dititahake dadi wong gedhe (panguwasa) : aja banjur umuk (sombong) : aja cedhak - cedhak karo wong ala : sing elek tumindake : jalaran ora wurung : bakal nulari |
|
|
Upama
sliramu dadi penggedhe, panguwasa, aja gumedhe, aja angkuh, aja adigung. Aja
seneng nyedhaki wong kang kalakuane/tingkah laku lan solah bawane ala, amarga
suwe-suwe watak kang kaya mangkon bisa nular marang kowe. |
|||
|
4. |
Nadyan asor wijilipun Yen kelakuane becik Utawa sugih carita Carita kang dadi misil Iku pantes raketana Darapon mundhak kang budi |
: Senajan saka trah ngisor : nanging tumindake apik : Utawa duwe akeh cerita : cerita sing isine tuladha : wong ngono kuwi patut disrawungi/ dicedhaki : Supaya nambah bebudenmu. |
|
|
|
Senajan
saka trah utawa keturunan wong sekeng, kere, miskin, pidak pedarakan, nanging
yen pituture luhur, migunani, dheweke patut disrawungi lan dienggo pituture.
Mangkono iku bakal bisa nambah paseduluran lan bebudenmu. |
||
SUMBER
Priyantono dan Sawukir. 2019. Mandiri Basa Jawa kanggo SMP/MTs Kelas VIII. Jakarta: PT Gelora Aksara Pratama.
Sumarlam dan Ersyani Siti Suryani. 2015. Widya Adi Basa Jawa kangge Kelas VIII SMP/ SMPLB/ MTs. Solo: PT Tiga Serangkai Pustaka Mandiri.
Komentar
Posting Komentar